Senin, 23 Maret 2020

Serat Ulem dan Serat Lelayu


LAMPIRAN 1: Bahan Ajar
Serat Ulem dan Serat Lelayu.
A.    Pemahaman Serat Ulem dan Serat Lelayu.
1.   Hakikat  Serat Ulem dan Serat Lelayu.

SERAT JAWI

Layang utawi nawala inggih menika basa ingkang dipunaturaken nganggé seratan utawi salah satunggaling  piranti komunikasi ingkang awujud seratan. Miturut basa, wos, sipat saha asalipun, layang saged kaperang dados sekawan, inggih menika :
a. Surat (layang) resmi,
b. Surat ( layang ) dinas,
c. Surat ( layang) niaga,
d. Surat (layang) pribadhi.
Layang resmi, dinas, lan niaga temtunipun ngagem paugeran ingkang gumathok gegayutan kaliyan kedinasan. Beda kaliyan layang pribadi. Layang pribadhi menika wujudipun kadosdéné layang limrahipun. Ingkang dados pratandhanipun menawi layang menika kalebet layang pribadhi inggih menika pigunanipun. Tegesipun layang wau dipunginakaken pribadhi marang pribadhi saha wosipun ngrembag perkawis pribadhi utawi sanès perkara kadinasan. Pramila saking menika basa ingkang dipunginakaken ing layang pribadhi langkung longgar. Kajenganipun basa ing layang pribadhi boten kaiket dening paugeran-paugeran ingkang baku nanging namung kaiket dening peprenah antawisipun ingkang ngintun layang saha ingkang dipunkintun layang. Nanging basanipun layang pribadhi saged ngoko saged ugi krama gumantung kalungguhanipun tiyang ingkang dipunkintuni serat. Menawi ingkang dipunkintun layang menika kanca sapadha - padha utawi paprenahé langkung anem, layang saged dipunserat nganggé basa ngoko. Ananging bilih ingkang nampi layang peprenahipun langkung sepuh utawi inggil kalungguhanipun, prayoginipun layang kalawau dipunserat nganggé basa krama.
Sanajan layang pribadhi gadhah kalodhangan babagan basa saha perkawis ingkang dipunrembag, layang pribadhi boten kenging nilar subasita saha tata krama. Layang pribadhi ugi kedah kaserat kanthi cetha, gampil dipunmangertosi dening ingkang nampi layang. Kanthi kados mekaten layang wau boten ndadosaken bingung saha kesalahpahaman, utamanipun kanggé ingkang nampi layang.

A.    Wujuding Serat Jawa
 Wujud serat Jawa menika manéka warni antawisipun:
1.    Serat Ulem (Undangan)
Serat ulem inggih menika serat ingkang isinipun atur dhumateng tiyang sanès,   amargi badhé kagungan hajat/kersa. Ingkang dipunkintuni uleman supados rawuh wonten ing wekdal saha papan ingkang sampun katemtokaken. Tuladha serat ulem inggih menika:
a)         tanggap warsa (ulang tahun)
b)         tasyakuran
c)         supitan
d)        serat ulem mantu, lsp.
2.    Serat kitir
Serat kitir inggih menika serat ingkang isinipun cekak aos, menapa perlunipun kémawon. Tuladhanipun telegram, memo, lsp.
3.    Serat lelayu
Serat lelayu inggih menika serat ingkang isinipun kabar sedanipun tiyang.
4. Serat iber-iber
Serat iber-iber inggih menika serat ingkang isinipun kabar pribadi, bab ingkang dipunandharaken saged menapa kémawon.

B.    Péranganipun Serat Jawi
Serat Jawi ingkang ganep nggadhahi pérangan utawi bagian antawisipun:
1.    Satata Basa, (serat katujokaken) alamatipun serat saged kaserat ing pojok tengen utawi kiwa ing inggil.
2.    Adangiyah, tembung pamuji rahayu upaminipun:
a. Rinengga sagunging pakurmatan.
b. Tansah winantu suka basuki.
c. Katentreman lan karahayon
d. Winantu ing bagya mulya.
e. Sembah sungkem.
3.    Purwaka, nelakaken pawarta kaslametanipun ingkang ngintun serat saha pangajeng-ajeng supados ingkang dipunkintun serat ugi slamet.
4.    Surasa Basa, wosipun serat, kekajenganipun serat.
5.    Wasana Basa, pungkasaning layang, tuladhanipun:
Cukup seméné dhisik liya wektu disambung maneh.
6.    Titi Mangsa, nelakaken wekdal panyeratanipun serat. Tuladha: Parakan, 21 Agustus 2008
7.    Peprenahan, asalipun serat saking sinten, tuladha:
a.    Saking ingkang putra
b.    Bapakmu ing omah
c.    Adhimu saka paran, lsp
8.    Tapak Asma / Tandha Asma, Tanda tangan ingkang damel serat.
9.    Asma Terang, asma terang ingkang damel serat.

Tuladha serat

Bapak saha Ibu Joko Surasa (1)
Jln. Aip Mungkar Parakan
Temanggung.
Sembah sungkem, (2)

Kanthi lumantaring serat punika, kula ngaturi uninga bilih kawontenan kula ing Semarang tansah ginanjar wilujeng nir ing sambékala. Menggah panyuwun kula dhumateng gusti Allah SWT, mugi-mugi kawontenanipun Bapak saha Ibu ugi mekaten. Amin. (3)
Kajawi punika ingkang sepisan ingkang putra ngaturi priksa bilih kintunannipun arta sampun kula tampi rikala dinten Minggu kapengker. Arta punika sampun kula ginakaken kanggé prabéya sekolah. Tirahanipun kanggé nyekapi kabetahan wonten kos. Ingkang kaping kalih, kula ngaturi priksa bilih sekedhap malih badhé tes semesteran. Pramila kula nyuwun tambahing berkah pangestu mugi - mugi kula saged nglampahi tes semesteran punika kanthi biji ingkang saé, amin. (4)
Ing wusana cekap semanten rumiyin serat kula, sanès wekdal dipunsambet malih. Menawi wonten kirang trapsilaning atur dhumateng Bapak saha Ibu, kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami. (5)
(6) Semarang, 26 Nopember 2008
(7) Saking ingkang putra
(8)
(9) Hadi Prawira


Adangiyah Nelakaké, Unggah-ungguhing Layang.
1. Taklim (ingkang taklim), marang sadulur tuwa, utawa menyang sapadha-padha kang perlu diajèni.
2. Salam taklim, marang sedulur enom, utawa menyang sapepadhané.
3. Ingkang salam, marang sedulur enom kang perlu diajèni, amarga pangkaté luwih dhuwur.
4. Ingkang pandonga, saka wong tuwa marang wong enom kang diajèni.
5. Ingkang Pandonga, saka wong tuwa marang anak putuné dhéwé utawa sing karengkuh kaya anaké dhéwé.
6. Ingkang sembah, saka wong cilik marang para luhur, nadyan pangkaté padha.
7. Ingkang sembah sungkem, saka wong enom marang sesepuh (simbah) utawa para luhur.
8. Ingkang sembah pangabekti, saka wong enom marang wong tuwané dhéwé, umpamane : Bapak, Ibu, Simbah, wong wadon marang kakungé.
9. Ingkang pangabekti, marang wong tuwa kang diajèni (dibektèni), umpamané: marang ipéné kang kaprenah tuwa.
10. Sembah sujud, saka kawula marang Gustiné Pamuji, umpamané: karengga sagunging kaurmatan, Karengga sagunging pahargyan, kairing ing sagunging kaurmatan, pudyarja, lan sapituruté. Iku kabèh, satemené mung owah-owahan saka kang kasebut ing dhuwur mau. Amarga ana pakèwuhé anggoné arep nandukaké unggah-ungguh.

a.      Tuladha Serat Ulem Wisudhan
Sleman, 21 Agustus 2011
Katur
Panjenenganipun Bapak Drs. Subagyo Sastra W.
Ing Bantul
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun, kanthi puja puji hastuti, sinartan sagunging pakurmatan, lumantar serat menika keparenga kula angrerantu rawuh panjenengan wonten ing:
Dinten         : Jum’at Legi
Titimangsa  : 01 September 2011
Wanci         : Tabuh 09.00 WIB
Papan          : Gedung Grha Sabha Pramana Bulaksumur
Adicara       : Wisudha Pawiyatan Pranatacara tuwin Pamedhar Sabda Yayasan Kirti
Sanggyaning warga Panitya miwah Pengurus Yayasan Kirti atur gunging panuwun awit saking kawigatosan saha rawuhipun panjenengan.
Nuwun,
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
                                                                                            Pangarsa Yayasan
                                                                                                Ki Pramana Sabda Gaotama

b.      Tuladha Ulem Pawiwahan 

Nambut sisahaing akrami:

Dra. NIKEN NASTITI
KRT. Tedjaningrat

Kaliyan

Drs. MARYAN UTAMA
Letkol Sumaryan

Akad Nikah:
Kemis Kliwon,
14
September 2011
Pukul 09.00 enjing,
ing griya Jl. Madukismo 123
Ngayogyakarta

Ngayogyakarta, 1 September 2011
Nuwun wiyosipun,
Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing wiwahan panggih/dhaupipun anak kula pengantèn kekalih, mbénjing ing:
Dinten             : Kemis Kliwon [malem Jumuah Legi]
Tanggal           : 14 Desember 20
11
Pukul               : 19.00 [pitu sonten]
Papan              : Pendhapi Budaya Mandhala Jl. Madukismo 75 Ngayogyakarta
Wasana awit keparengipun rawuh saha paring berkah pangèstu, kula ngaturaken agunging panuwun sanget. Nuwun.
Salam taklim,
KRT. Tedjaningrat Kekalih

c.       Tuladha Serat Prajanjen

Ingkang tandha tangan ing ngandhap menika, kula Raden Mas Antawiryana, pensiunan guru SD Negeri Karangnangka, Sidaluhur, Sidamukti, Wanasaba, gegriya ing Dhusun Karangnangka, Kalurahan Sidaluhur, Kecamatan Sidamukti, Kabupaten Wanasaba, Jawa Tengah, aprajanji:
1.      Wiwit surya kaping 1 Januari 2009 kula ngakeni ngenggeni dalemipun sedherek R. Gunasatata ing kampong Karangpajaten Kalurahan Sidamulya, Sidamukti, Wanasaba.
2.      Kula sagah nyukani arta pasewan kathahipun Rp. 2.000.000,-(kalih yuta rupiyah) ingkang sawetawis kathahipun kalih atus seket ewu rupiah sampun kula aturaken minangka pratandha dados (uang muka) rikala surya kaping 20 Desember 2009. Wondene kirangipun ingkang sayuta pitung atus seket ewu rupiah badhe kula aturaken ing surya kaping 28 Desember             2009.
3.      Upami ing surya kaping 28 Desember 2009 menika kula mboten saged ngaturaken arta jangkepipun menika wau (angka 2), anggen kula badhe nyewa kaanggep batal saha arta ingkang sampun kula aturaken sampun dados hakipun sadhèrèk Gunasatata.
4.      Sasampunipun kalh taun kaetang saking surya kaping 1 Januari 2004, griya kasebat, hakipun dados kagunganipun sadherek Gunasatata saha kula mboten hak ngenggeni malih.
Wanasaba, 24 Desember 2011
Kula ingkang tandha tangan
Raden Mas Antawiryana
Anyekseni:
Lurah Desa Sidaluhur
Drs. Danuwiyan

d.      Tuladha Serat Ulem Supitan

Supitan:
1. BAGUS WARSANA
2. BAGUS WARDAYA

Gresipun:
Jumuah Wage,
28 November 2011
Pukul 09.00 enjing
ing Dokter Supit Padmasuri
Jl. Krapyak Ngadiwinatan

Ngayogyakarta, 1 November 2011
Nuwun wiyosipun,
Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing syukuran supitipun anak kula jaler kekalih, mbenjing ing:
Dinten             : Minggu Wage [malem Jumuah Legi]
Tanggal           : 10 Desember 2009
Pukul               : 09.00 enjing
Papan              : Gedung Serbaguna Kecamatan Mantrijeron Ngayogyakarta
Wasana awit keparengipun rawuh saha berkah pangestu, kula matur sanget nuwun.

Salam taklim,
Sela Darmaji Kekalih


e.       Kitir Lelayu
Innalillahi wa inna ilaihi roji’un

Sampun tinimbasaha sowan ing pangayunaning Pangeran kanthi tentrem ing RSUP Dr. Sardjito nalika dinten Ahad kliwon, 24 Desember 2011 pukul 11.50 siyang, Bapak/embah sutresna:

KI MANGKUSASMITA
(Yuswa 80 taun)

Layon badhe kasarekaken ing makam Sitisuci, bidhal saking griya sungkawa Jeruksari Gang Megatruh 50, dinten Senen Legi 25 Desember 2011 pukul 14.00

Ngayogyakarta, 24 Desember 2011

Ingkang duhkita
*Nyi Mangkusasmita (garwa)
*Brayat Mangkutana, SH. (putra)
*Brayat Mangkurati, SPd. (putra)
*Brayat Sumargana (raka)
*Brayat Parengkuan (rayi)



LEMBAR KERJA DAN PENILAIAN PENGETAHUAN


1.   PENGETAHUAN
SOAL TES URAIAN

1.         Menapa ingkang dipunwastani serat/layang Jawa?
2.         Kasebuta jinising serat Jawa!
3.         Kasebutna peranganipun serat Jawa!
4.         Kasebutna perangan utawa unggah-ungguh layang ing adangiah!
5.         Menapa ingkang dipunwastani serat ulem?
6.         Menapa ingkang dipunwastani serat lelayu?
7.         Kasebutna peranganing layang ulem!
8.         Kasebutna peranganing layang lelayu!

Berita Berbahasa Jawa


LAMPIRAN 1: Bahan Ajar
Berita Berbahasa Jawa
A.    Pemahaman Berita Berbahasa Jawa
1.   Hakikat  Berita Berbahasa Jawa

1)    Materi Fakta
     Teks minangka”prastawa atur kanthi paugeran kohesi,koherensi,intensionalitas akseptabilitas, informativitas, situasionalitas, intertekstualitas (de Beaugrande dan dressler, 1981)
Ragam analisis teks berita inggih menika Analisis isi kuantitatif.semiotik, wacana ,framing
Tujuan analisis teks berita inggih menika kangge mangertosi isi (content) menapa ingkang kaemot ing salebetipun isi dokumen. Ingkang dipunanalisis inggih menika dokumen cetak ugi visual (surat kabar, radio, televisi, grafiti, iklan, film, surat pribadi, buku, kitab suci, lan selebaran).

Tuladha Teks Berita

 (Salam Pambuka)
Assalamualaikum Wr.Wb
Sugeng enjing

(Pambuka)
Para Pamirsa pepanggihan malih wonten ing pawartos basa Jawi
Kawaosaken dening dening Roro Sunyi

Keris
(Isi Pawartos)

Keris,duwung utawi curiga saged ampuh mboten namung amargi dipundamel saking unsuripun wesi waja,nikel kadangkala dipuncampur unsuripun sela meteorid ingkang dhawah saking angkasa, nanging ugi cara damelipun dipunkantheni,lampah tirakat dening Empu ingkang damel keris kanthi panyuwunan tartamtu dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos.Saengga keris nggadhahi kekiyatan magis ingkang saged ngedalaken pangaribawa supados mengsah ajrih lajeng nungkul.Keris ingkang dipunagem minangka rerenggan jangkepipun ageman temanten kakung khas Jawa.Keris kalawau rinengga kanthi sekar sinebat “Kolong Keris” nggadhahi makna supados tiyang sampun ngantos nggadhahi watek brangasan,sesongaran,sewenang-wenang,kumalungkung utawi adigang,adigung,adiguna.
Para Pamirsa,sutresna budaya.
(Isi Pawartos)
Wonten cariyos nalika Harya Penangsang kanthi ngasta keris nama keris Kyai Setan Kober mengsah Danang Sutawijaya kanthi Tombak Kyai Plered.Padharan Harya Penangsang kenging Tombak Kyai Plered saengga ususipun mbrodhol medal saking padharanipun.Lajeng Harya Penangsang ngalungaken ususipun ing pendhok kerisipun,nanging ketiwasan amargi mboten saged ngendhaleni raos muntab,kepingin males tumindakipun Sutawijaya,saengga Harya Penangsang kesupen ndudut kerisipun kesupen menawi kalawau sampun dipunkalungi usus.Harya Penangsang gugur dening pusakanipun piyambak,amargi ususipun pedhot kepronggol kerisipun.Cariyos punika andadosaken pepiling bilih tiyang punika kedah sareh,ening,waspada,mboten grusa-grusu.Saengga sesekaran inggih punika kembang kolong keris nglambangaken ususipun Harya Penangsang,wonten malih pemanggih bilih tiyang kedah ngatos-atos supados mboten cilaka kados Harya Penangsang.
(Panutup)
Para Pamirsa,
Sinartan purnaning waosan teks pawartos basa Jawi mugia tetep manunggal wonten ing Radio Teladan FM.10 kanthi sesarengan mirengaken acara salajengipun inggih menika ”Giyaran Kethoprak Mataram.”Sugeng midhangetaken sarta nuwun

(Salam Panutup)

Sugeng Enjing
Wassalamualaikum Wr.Wb.

2)    Materi Konsep
            Teknik Maos Pawartos

Maos pawartos kalebet jinis maos (membaca nyaring)
Pamaos pawartos kedah migatosaken lafal, intonasi, kedaling lathi, tatapan paningal, lan unggah-ungguh ingkang leres.

a.        Lafal(Wicara)
lafal inggih menika caranipun tiyang ngedalaken swanten basa.
Saderengipun ngedalaken tembung-tembung asing , pamaos pawartos kedah mbikak kamus kagem mangertosi caranipun ngedalaken swanten saha mangertos bab maknanipun. Maos kanthi intonasi ingkang trep sarta lafal ingkang jelas
Pamaos kanthi teteh/ fasih, andhal, titi,teliti saben tembung, frase, klausa, saha jeda.Menawi munggel ukara kanthi trep boten badhe nyebabaken lepat tafsir/seling surup.
b.       Intonasi(Wirama)
intonasi inggih menika andhap inggilipun lagu ukara ingkang nyebabaken beda makna.
c.        Kedal kanthi teteh(Wicara)
Sesambetan kaliyan volume swanten saha rindhik cepetipun(Wicara)
Maos teks pawartos kedah migunaaken swanten gandem lan cetha.
d.      Tatapan mata/ekspresi (Wiraga)
Saged ngraketaken komunikasi kaliyan pamirsa.Kedah konsentrasi nanging luwes.Menawi kasorot kamera kedah fokus mriksani kamera.
e.        Solah Bawa (Wiraga)
Kedah sopan santun saha sikep merbawani.
Menawi maos kanthi lenggah utawi jumeneng kedah tegak saha mriksani lurus ing ngajeng.
f.        Artikulasi(Wicara)
 Artikulasi mliginipun a,i,u,e,o,c,k,r,s,t,th,d,dh kedah jelas saha  kanthi paugeran EYD (ejaan yang disempurnakan)    
g.      Volume (Wirama)
Maos kanthi sora utawi rindhik gumantung wiyar ruwangan saha microfon.
h.      Tekanan Tembung (Wirama)
Menawi maosaken pawartos ingkang wonten tembung basa asing Belanda,Inggris,Arab lan sapanunggilipun kedah nyetiteaken bab tekanan maosipun.
i.        Tempo(Wirama)
Maos kanthi cepet utawi alon dipuntrep aken kaliyan teks ipun.

3)    Materi Prinsip
            Ingkang kalebet ciri-ciri inggih kedah dipungatosaken maosaken teks pawartos Basa Jawi ing televisi inggih punika......
a)      Intonasi caraning ngendika kadosta inggil andhaping swanten
b)      Dinamikaning pangandikan
c)      Ngetrepaken busana lan rias.
d)     Mangertosi isinipun
       teks pawartos.
e)      Artikulasi kapireng cetha
f)       Pelafalan A,I,U,E,O,T,TH,D,DH,C,J,R
g)      Jeda utawi punggelan ukara
h)      Tempo utawi cepet alon swanten
i)        Swanten kapireng leng
j)        Boten ngagem dhialek ingkang mboten trep
k)      Eye contack paningal kedah ketingal gesang
l)        Pasuryan mboten rongeh ananging ketingal merbawani.
m)    Solah bawa saha tindak-tanduk ingkang trapsila.
n)      Nggadhahi mental,kapitadosan dhiri pribadi ingkang tatag,tegen mboten wigah-wigih.
4)    Pro­sedur
Penanaman konsep teknik membaca teks pawartos basa Jawi dari berbagai media cetak dan media elektronik.

2.   Struktur Berita Berbahasa Jawa
Setelah kalian mengetahui pengertian dari Berita Berbahasa Jawa, kita akan belajar merumuskan sturktur dari Berita Berbahasa Jawa. Berita Berbahasa Jawa memiliki struktur Pernyataan umum >aspek yang dilaporkan >aspek yang dilaporkan.
  1. Pernyataan umum. Bagian ini berisikan pernyataan yang pokok atau umum yang akan disampaikan
              Contoh : peranganing pawartos menika menapa kemawon
b.      Aspek yang dilaporkan. Bagian ini merupankan rincian dari pernyataan umum.
Contoh: peranganing pawartos menika salam pambuka, pambuka, isi pawartos, panutup saha salam penutup

Deskripsi struktur teks Berita Berbahasa Jawadapat ditabelkan sebagai berikut.
NO.
STRUKTUR TEKS
PAWARTOS
1
Pernyataan umum  
menapa ingkang kedhah dipungatosaken rikala maos pawarta
2
Aspek yang dilaporkan
a)      Intonasi caraning ngendika kadosta inggil andhaping swanten
b)      Dinamikaning pangandikan
c)      Ngetrepaken busana lan rias.
d)     Mangertosi isinipun teks pawartos.
e)      Artikulasi kapireng cetha
f)       Pelafalan A,I,U,E,O,T,TH,D,DH,C,J,R
g)      Jeda utawi punggelan ukara
h)      Tempo utawi cepet alon swanten
i)        Swanten kapireng leng
j)        Boten ngagem dhialek ingkang mboten trep
k)      Eye contack paningal kedah ketingal gesang
l)        Pasuryan mboten rongeh ananging ketingal merbawani.
m)    Solah bawa saha tindak-tanduk ingkang trapsila.
n)      Nggadhahi mental,kapitadosan dhiri pribadi ingkang tatag,tegen mboten wigah-wigih.


B.     Menangkap Makna Berita Berbahasa Jawa
Setelah kalian sudah bisa memahami Berita Berbahasa Jawa. Pada pembelajaran kali ini kalian akan belajar memaknai Berita Berbahasa Jawa. Cermatilah sekali lagi teks Berita Berbahasa Jawa
Para pamirsa,
Sugeng pepanggihan kaliyan kula .............. ing pawartos basa Jawi Ngayogyakarta. Wekdal menika pawartos basa Jawi badhé mbabar warta ingkang dumados wonten ing wewengkon Ngayogyakarta sakiwa tengenipun. Kasuwun tetepa nyawiji ing pawartos basa Jawi dalu menika.

Pawarta 1

REGI WELUT MANDHAP
(29 Maret 2011 07:30 WIB)

Salebeting mangsa rendheng, regi panyadèning welut mandhap watawis kalih dasa persen. Bab punika jalaran welut gampil dipunpanggihaken ing mangsa rendheng. Kejawi punika, samangké ugi saweg ngancik mangsa panen welut.
Narasi:
Paryono, salah satunggaling bakul welut saking Dhusun Jetis, Désa Sidoagung, Kecamatan Godean, Sleman, mratèlakaken bilih salebeting mangsa rendheng kados samangké regi  panyadèning welut mandhap,  jalaran welut gampil dipunpanggihaken. Kejawi punika, sawetawis papan ingkang kathah ngasilaken welut, kados Blitar lan Lumajang Jawa Timur, saweg ngancik mangsa panen welut. Salebeting  mangsa  rendheng  samangké  Paryono  saged  ndhatengaken  welut  saking  Jawa  Timur kathahipun kalih ton saben seminggunipun. Awit kathahipun pasudiyan welut njalari reginipun lajeng mandhap. Menawi sakawit kalih dasa èwu rupiyah saben kilo, samangké mandhap dados  wolulas ewu rupiyah saben kilonipun.
Paryono ugi ngakeni gadhah pelanggan tetep tiyang sekawan dasa. Émanipun, sinaosa regi
welut mandhap, ananging sanak kadang bakul kripik welut tetep boten ngandhapaken reginipun, inggih punika popog sèkèt èwu rupiyah saben kilonipun. (Nadi Mulyadi Jogja Tv)

Pawarta 2:

KAWIGATOSAN DHATENG MUSIBAH ING JEPANG
(26 March 2011 04:58 WIB)

Musibah   ingkang   tumama   ing   negari   Jepang   sawetawis   wekdal   kapengker nuwuhaken kawigatosan  saking sawetawis péhak, kalebet ugi warga Indonesia ingkang naté ketaman musibah ingkang sami. Kanggé  nglempakaken bantuwan Yayasan Royal Silk tembayatan kaliyan Hoshizora Foundation, Yayasan Girlan Nusantara, Atsuki Community, Jogjakarta Enterpreneur Center lan sedaya péhak ingkang suka kawigatosan dhateng tumempuhipun  musibah ing Jepang, ngadani “One Day Charity” kanthi irah irahan “Jogja Care For Japan- Let’s Support And Learn From Japan”  mapan ing Jogja Expo Center dinten Setu énjing (26/3).

Narasi:
“One  Day  Charity”  minangka  puncaking  acara  ingkang  dipun-adani  dening  sawetawis komunitas lan  warga Ngayogyakarta sasampunipun tsunami tumempuh ing Jepang. Acara ingkang katindakaken  sedinten ing  Jogja  Expo  Center  punika  ancasipun  kanggé  nglempakaken  bantuwan dhana  saking  sedaya  péhak.  Bantuwan  ingkang  nglempak  salajengipun  badhé  dipunpasrahaken dhateng warga Fukushima, Sendai lan Miyagi, lumantar Kedutaan Besar Jepang ing Jakarta. Puncaking “One Day Charity” dipunregengaken kanthi sawetawis kridha, antawisipun Booth Display Kebudayaan Jepang, kadosta Yukata Photo Session, Origami, Ikebana, kuliner Jepang, sarta pagelaran sanèsipun saking sawetawis komunitas ingkang wonten ing Ngayogyakarta.
Bab      wigati  ingkang           dipuntélakaken            salebeting        acara    “One    Day     Charity”          inggih punika kadospundi bangsa Indonesia ingkang gadhah ancaman musibah alam sami kaliyan Jepang, kados lindhu lan  tsunami, saged sinau saking tumempuhing musibah kasebat. Lumantar “One Day Charity”,   para   warga dipun-ajak   sesarengan   suka   paring   kawigatosan   lan   bantuwan   miturut kekiyatanipun piyambak piyambak. (Afirtha Diah Apsari-Abdul Maarif)

Pawarta 3:

NILAI TUKAR PETANI WULAN MARET 2011
(01 April 2011 06:16 WIB)

Nilai Tukar Petani (NTP) ing wewengkon DIY salebeting wulan Maret 2011  indeksipun suda
0,84%, tinimbang ing wulan Februari  kapengker, ingkang sakawit 114,33, dados 113,37. Sudanipun
NTP jalaran sudanipun NTP ing sawetawis sub sektor.

Narasi:
 Miturut  Kepala Badan Pusat Statistik (BPS) Propinsi DIY, Suharno, adhedhasar panyemaking regi ing karang padésan ing wewengkon DIY sadangunipun wulan Maret 2011, Nilai Tukar Petani ing DIY indeksipun suda 0,84% tinimbang wulan Februari  kapengker, ingkang sakawit 114,33, dados 113,37. Sudanipun indeks kasebat awit indeks regining asiling pertanian ingkang dipuntampi déning petani suda. Kajawi  punika  sudanipun  NTP  ing  wulan  Maret  punika,  ugi  jalaran  sudanipun   NTP  ing sawetawis sub sektor, inggih menika sub sektor tanaman pangan  suda 1,29%, sub sektor holtikultura 0,07%, sub sektor peternakan 0,19%, lan sub sektor perikanan 0,24%. Wondéné sub sektor Tanaman Perkebunan Rakyat mindhak 0,49%. (Anang Zainuddin)

a.   Mendeskripsikan arti kata-kata sulit pada Berita Berbahasa Jawa
Saat kalian membaca Berita Berbahasa Jawa di atas ada kata-kata sulit yang kalian temukan? Artikanlah kata-kata sulit tersebut dengan menggunakan Baoesastra Jawa. Kata-kata sulit pada teks Berita Berbahasa Jawa sebagai berikut

No.
Kata Sulit
Arti/Makna
1


2


3


4


5



TES URAIAN

Petunjuk
1.                     Baca secara cermat Berita Berbahasa Jawa berikut!
KAPAL PATROLI NJEBLUG
( 15Juli 2011)
Orasi:
Kapal patroli duweke kantor Bea Cukai Belawan, Medan, kanthi nomer lambung BC-15001 njeblug ing pesisir Labu, Deli Serdang, Jemuah (15/7) bengi. Pitu saka sangang petugas sing lagi ngayahi jejibahan patroli sakala padha tiwas.

Narasi:
Sawantara jam candhake, nalika salah sijine anak buwah kapal nedya nguripake genset kanggo mbacutake   patroli,   ujug-ujug  kapal  kasebut  njeblug  banjur  kerem  menyang  dhasaring  segara. Direktur Jendral Bea Cukai, Agung Kuswandono masthekake, njebluge kapal patroli mau murni merga kacilakan nalika gensete arep diuripake.  Agung nambahake, para petugas sing dadi korban kuwi pinuju nindakake patroli rutin kanggo ngawekani penyelundupan barang liwat jalur segara.
(kajupuk saka Panjebar Semangat Edisi 31 tanggal 30 Juli 2011, kanthi owah-owahan saperlune)
2.   Setelah itu, jawablah pertanyaan berikut!
  1.  Berdasarkan Berita Berbahasa Jawa yang diberikan, jawablah pertanyaan- pertanyaan berikut untuk mengetahui pemahaman kalian tentang Berita Berbahasa Jawa!

1. Apa kang diwartakaké (temane / topike )?
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
2.   Sapa kang diwartakaké (pawongan/organisasi)?
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
3.   Kapan bab kang diwartakaké iku dumadi?
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
4.   Ing ngendi kang bab diwartakaké kasebut dumadi?
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
5.   Apa kang njalari bab mau diwartakake?
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

a.    Berdasarkan Berita Berbahasa Jawa,  jelaskan ajaran moral yang terdapat di dalam berita tersebut!
b.    Berdasarkan Berita Berbahasa Jawa, deskripsikan Wicara, Wirama, Wirasa dan Wiraga dalam Membaca berita tersebut  !