Senin, 23 Maret 2020

Berita Berbahasa Jawa


LAMPIRAN 1: Bahan Ajar
Berita Berbahasa Jawa
A.    Pemahaman Berita Berbahasa Jawa
1.   Hakikat  Berita Berbahasa Jawa

1)    Materi Fakta
     Teks minangka”prastawa atur kanthi paugeran kohesi,koherensi,intensionalitas akseptabilitas, informativitas, situasionalitas, intertekstualitas (de Beaugrande dan dressler, 1981)
Ragam analisis teks berita inggih menika Analisis isi kuantitatif.semiotik, wacana ,framing
Tujuan analisis teks berita inggih menika kangge mangertosi isi (content) menapa ingkang kaemot ing salebetipun isi dokumen. Ingkang dipunanalisis inggih menika dokumen cetak ugi visual (surat kabar, radio, televisi, grafiti, iklan, film, surat pribadi, buku, kitab suci, lan selebaran).

Tuladha Teks Berita

 (Salam Pambuka)
Assalamualaikum Wr.Wb
Sugeng enjing

(Pambuka)
Para Pamirsa pepanggihan malih wonten ing pawartos basa Jawi
Kawaosaken dening dening Roro Sunyi

Keris
(Isi Pawartos)

Keris,duwung utawi curiga saged ampuh mboten namung amargi dipundamel saking unsuripun wesi waja,nikel kadangkala dipuncampur unsuripun sela meteorid ingkang dhawah saking angkasa, nanging ugi cara damelipun dipunkantheni,lampah tirakat dening Empu ingkang damel keris kanthi panyuwunan tartamtu dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos.Saengga keris nggadhahi kekiyatan magis ingkang saged ngedalaken pangaribawa supados mengsah ajrih lajeng nungkul.Keris ingkang dipunagem minangka rerenggan jangkepipun ageman temanten kakung khas Jawa.Keris kalawau rinengga kanthi sekar sinebat “Kolong Keris” nggadhahi makna supados tiyang sampun ngantos nggadhahi watek brangasan,sesongaran,sewenang-wenang,kumalungkung utawi adigang,adigung,adiguna.
Para Pamirsa,sutresna budaya.
(Isi Pawartos)
Wonten cariyos nalika Harya Penangsang kanthi ngasta keris nama keris Kyai Setan Kober mengsah Danang Sutawijaya kanthi Tombak Kyai Plered.Padharan Harya Penangsang kenging Tombak Kyai Plered saengga ususipun mbrodhol medal saking padharanipun.Lajeng Harya Penangsang ngalungaken ususipun ing pendhok kerisipun,nanging ketiwasan amargi mboten saged ngendhaleni raos muntab,kepingin males tumindakipun Sutawijaya,saengga Harya Penangsang kesupen ndudut kerisipun kesupen menawi kalawau sampun dipunkalungi usus.Harya Penangsang gugur dening pusakanipun piyambak,amargi ususipun pedhot kepronggol kerisipun.Cariyos punika andadosaken pepiling bilih tiyang punika kedah sareh,ening,waspada,mboten grusa-grusu.Saengga sesekaran inggih punika kembang kolong keris nglambangaken ususipun Harya Penangsang,wonten malih pemanggih bilih tiyang kedah ngatos-atos supados mboten cilaka kados Harya Penangsang.
(Panutup)
Para Pamirsa,
Sinartan purnaning waosan teks pawartos basa Jawi mugia tetep manunggal wonten ing Radio Teladan FM.10 kanthi sesarengan mirengaken acara salajengipun inggih menika ”Giyaran Kethoprak Mataram.”Sugeng midhangetaken sarta nuwun

(Salam Panutup)

Sugeng Enjing
Wassalamualaikum Wr.Wb.

2)    Materi Konsep
            Teknik Maos Pawartos

Maos pawartos kalebet jinis maos (membaca nyaring)
Pamaos pawartos kedah migatosaken lafal, intonasi, kedaling lathi, tatapan paningal, lan unggah-ungguh ingkang leres.

a.        Lafal(Wicara)
lafal inggih menika caranipun tiyang ngedalaken swanten basa.
Saderengipun ngedalaken tembung-tembung asing , pamaos pawartos kedah mbikak kamus kagem mangertosi caranipun ngedalaken swanten saha mangertos bab maknanipun. Maos kanthi intonasi ingkang trep sarta lafal ingkang jelas
Pamaos kanthi teteh/ fasih, andhal, titi,teliti saben tembung, frase, klausa, saha jeda.Menawi munggel ukara kanthi trep boten badhe nyebabaken lepat tafsir/seling surup.
b.       Intonasi(Wirama)
intonasi inggih menika andhap inggilipun lagu ukara ingkang nyebabaken beda makna.
c.        Kedal kanthi teteh(Wicara)
Sesambetan kaliyan volume swanten saha rindhik cepetipun(Wicara)
Maos teks pawartos kedah migunaaken swanten gandem lan cetha.
d.      Tatapan mata/ekspresi (Wiraga)
Saged ngraketaken komunikasi kaliyan pamirsa.Kedah konsentrasi nanging luwes.Menawi kasorot kamera kedah fokus mriksani kamera.
e.        Solah Bawa (Wiraga)
Kedah sopan santun saha sikep merbawani.
Menawi maos kanthi lenggah utawi jumeneng kedah tegak saha mriksani lurus ing ngajeng.
f.        Artikulasi(Wicara)
 Artikulasi mliginipun a,i,u,e,o,c,k,r,s,t,th,d,dh kedah jelas saha  kanthi paugeran EYD (ejaan yang disempurnakan)    
g.      Volume (Wirama)
Maos kanthi sora utawi rindhik gumantung wiyar ruwangan saha microfon.
h.      Tekanan Tembung (Wirama)
Menawi maosaken pawartos ingkang wonten tembung basa asing Belanda,Inggris,Arab lan sapanunggilipun kedah nyetiteaken bab tekanan maosipun.
i.        Tempo(Wirama)
Maos kanthi cepet utawi alon dipuntrep aken kaliyan teks ipun.

3)    Materi Prinsip
            Ingkang kalebet ciri-ciri inggih kedah dipungatosaken maosaken teks pawartos Basa Jawi ing televisi inggih punika......
a)      Intonasi caraning ngendika kadosta inggil andhaping swanten
b)      Dinamikaning pangandikan
c)      Ngetrepaken busana lan rias.
d)     Mangertosi isinipun
       teks pawartos.
e)      Artikulasi kapireng cetha
f)       Pelafalan A,I,U,E,O,T,TH,D,DH,C,J,R
g)      Jeda utawi punggelan ukara
h)      Tempo utawi cepet alon swanten
i)        Swanten kapireng leng
j)        Boten ngagem dhialek ingkang mboten trep
k)      Eye contack paningal kedah ketingal gesang
l)        Pasuryan mboten rongeh ananging ketingal merbawani.
m)    Solah bawa saha tindak-tanduk ingkang trapsila.
n)      Nggadhahi mental,kapitadosan dhiri pribadi ingkang tatag,tegen mboten wigah-wigih.
4)    Pro­sedur
Penanaman konsep teknik membaca teks pawartos basa Jawi dari berbagai media cetak dan media elektronik.

2.   Struktur Berita Berbahasa Jawa
Setelah kalian mengetahui pengertian dari Berita Berbahasa Jawa, kita akan belajar merumuskan sturktur dari Berita Berbahasa Jawa. Berita Berbahasa Jawa memiliki struktur Pernyataan umum >aspek yang dilaporkan >aspek yang dilaporkan.
  1. Pernyataan umum. Bagian ini berisikan pernyataan yang pokok atau umum yang akan disampaikan
              Contoh : peranganing pawartos menika menapa kemawon
b.      Aspek yang dilaporkan. Bagian ini merupankan rincian dari pernyataan umum.
Contoh: peranganing pawartos menika salam pambuka, pambuka, isi pawartos, panutup saha salam penutup

Deskripsi struktur teks Berita Berbahasa Jawadapat ditabelkan sebagai berikut.
NO.
STRUKTUR TEKS
PAWARTOS
1
Pernyataan umum  
menapa ingkang kedhah dipungatosaken rikala maos pawarta
2
Aspek yang dilaporkan
a)      Intonasi caraning ngendika kadosta inggil andhaping swanten
b)      Dinamikaning pangandikan
c)      Ngetrepaken busana lan rias.
d)     Mangertosi isinipun teks pawartos.
e)      Artikulasi kapireng cetha
f)       Pelafalan A,I,U,E,O,T,TH,D,DH,C,J,R
g)      Jeda utawi punggelan ukara
h)      Tempo utawi cepet alon swanten
i)        Swanten kapireng leng
j)        Boten ngagem dhialek ingkang mboten trep
k)      Eye contack paningal kedah ketingal gesang
l)        Pasuryan mboten rongeh ananging ketingal merbawani.
m)    Solah bawa saha tindak-tanduk ingkang trapsila.
n)      Nggadhahi mental,kapitadosan dhiri pribadi ingkang tatag,tegen mboten wigah-wigih.


B.     Menangkap Makna Berita Berbahasa Jawa
Setelah kalian sudah bisa memahami Berita Berbahasa Jawa. Pada pembelajaran kali ini kalian akan belajar memaknai Berita Berbahasa Jawa. Cermatilah sekali lagi teks Berita Berbahasa Jawa
Para pamirsa,
Sugeng pepanggihan kaliyan kula .............. ing pawartos basa Jawi Ngayogyakarta. Wekdal menika pawartos basa Jawi badhé mbabar warta ingkang dumados wonten ing wewengkon Ngayogyakarta sakiwa tengenipun. Kasuwun tetepa nyawiji ing pawartos basa Jawi dalu menika.

Pawarta 1

REGI WELUT MANDHAP
(29 Maret 2011 07:30 WIB)

Salebeting mangsa rendheng, regi panyadèning welut mandhap watawis kalih dasa persen. Bab punika jalaran welut gampil dipunpanggihaken ing mangsa rendheng. Kejawi punika, samangké ugi saweg ngancik mangsa panen welut.
Narasi:
Paryono, salah satunggaling bakul welut saking Dhusun Jetis, Désa Sidoagung, Kecamatan Godean, Sleman, mratèlakaken bilih salebeting mangsa rendheng kados samangké regi  panyadèning welut mandhap,  jalaran welut gampil dipunpanggihaken. Kejawi punika, sawetawis papan ingkang kathah ngasilaken welut, kados Blitar lan Lumajang Jawa Timur, saweg ngancik mangsa panen welut. Salebeting  mangsa  rendheng  samangké  Paryono  saged  ndhatengaken  welut  saking  Jawa  Timur kathahipun kalih ton saben seminggunipun. Awit kathahipun pasudiyan welut njalari reginipun lajeng mandhap. Menawi sakawit kalih dasa èwu rupiyah saben kilo, samangké mandhap dados  wolulas ewu rupiyah saben kilonipun.
Paryono ugi ngakeni gadhah pelanggan tetep tiyang sekawan dasa. Émanipun, sinaosa regi
welut mandhap, ananging sanak kadang bakul kripik welut tetep boten ngandhapaken reginipun, inggih punika popog sèkèt èwu rupiyah saben kilonipun. (Nadi Mulyadi Jogja Tv)

Pawarta 2:

KAWIGATOSAN DHATENG MUSIBAH ING JEPANG
(26 March 2011 04:58 WIB)

Musibah   ingkang   tumama   ing   negari   Jepang   sawetawis   wekdal   kapengker nuwuhaken kawigatosan  saking sawetawis péhak, kalebet ugi warga Indonesia ingkang naté ketaman musibah ingkang sami. Kanggé  nglempakaken bantuwan Yayasan Royal Silk tembayatan kaliyan Hoshizora Foundation, Yayasan Girlan Nusantara, Atsuki Community, Jogjakarta Enterpreneur Center lan sedaya péhak ingkang suka kawigatosan dhateng tumempuhipun  musibah ing Jepang, ngadani “One Day Charity” kanthi irah irahan “Jogja Care For Japan- Let’s Support And Learn From Japan”  mapan ing Jogja Expo Center dinten Setu énjing (26/3).

Narasi:
“One  Day  Charity”  minangka  puncaking  acara  ingkang  dipun-adani  dening  sawetawis komunitas lan  warga Ngayogyakarta sasampunipun tsunami tumempuh ing Jepang. Acara ingkang katindakaken  sedinten ing  Jogja  Expo  Center  punika  ancasipun  kanggé  nglempakaken  bantuwan dhana  saking  sedaya  péhak.  Bantuwan  ingkang  nglempak  salajengipun  badhé  dipunpasrahaken dhateng warga Fukushima, Sendai lan Miyagi, lumantar Kedutaan Besar Jepang ing Jakarta. Puncaking “One Day Charity” dipunregengaken kanthi sawetawis kridha, antawisipun Booth Display Kebudayaan Jepang, kadosta Yukata Photo Session, Origami, Ikebana, kuliner Jepang, sarta pagelaran sanèsipun saking sawetawis komunitas ingkang wonten ing Ngayogyakarta.
Bab      wigati  ingkang           dipuntélakaken            salebeting        acara    “One    Day     Charity”          inggih punika kadospundi bangsa Indonesia ingkang gadhah ancaman musibah alam sami kaliyan Jepang, kados lindhu lan  tsunami, saged sinau saking tumempuhing musibah kasebat. Lumantar “One Day Charity”,   para   warga dipun-ajak   sesarengan   suka   paring   kawigatosan   lan   bantuwan   miturut kekiyatanipun piyambak piyambak. (Afirtha Diah Apsari-Abdul Maarif)

Pawarta 3:

NILAI TUKAR PETANI WULAN MARET 2011
(01 April 2011 06:16 WIB)

Nilai Tukar Petani (NTP) ing wewengkon DIY salebeting wulan Maret 2011  indeksipun suda
0,84%, tinimbang ing wulan Februari  kapengker, ingkang sakawit 114,33, dados 113,37. Sudanipun
NTP jalaran sudanipun NTP ing sawetawis sub sektor.

Narasi:
 Miturut  Kepala Badan Pusat Statistik (BPS) Propinsi DIY, Suharno, adhedhasar panyemaking regi ing karang padésan ing wewengkon DIY sadangunipun wulan Maret 2011, Nilai Tukar Petani ing DIY indeksipun suda 0,84% tinimbang wulan Februari  kapengker, ingkang sakawit 114,33, dados 113,37. Sudanipun indeks kasebat awit indeks regining asiling pertanian ingkang dipuntampi déning petani suda. Kajawi  punika  sudanipun  NTP  ing  wulan  Maret  punika,  ugi  jalaran  sudanipun   NTP  ing sawetawis sub sektor, inggih menika sub sektor tanaman pangan  suda 1,29%, sub sektor holtikultura 0,07%, sub sektor peternakan 0,19%, lan sub sektor perikanan 0,24%. Wondéné sub sektor Tanaman Perkebunan Rakyat mindhak 0,49%. (Anang Zainuddin)

a.   Mendeskripsikan arti kata-kata sulit pada Berita Berbahasa Jawa
Saat kalian membaca Berita Berbahasa Jawa di atas ada kata-kata sulit yang kalian temukan? Artikanlah kata-kata sulit tersebut dengan menggunakan Baoesastra Jawa. Kata-kata sulit pada teks Berita Berbahasa Jawa sebagai berikut

No.
Kata Sulit
Arti/Makna
1


2


3


4


5



TES URAIAN

Petunjuk
1.                     Baca secara cermat Berita Berbahasa Jawa berikut!
KAPAL PATROLI NJEBLUG
( 15Juli 2011)
Orasi:
Kapal patroli duweke kantor Bea Cukai Belawan, Medan, kanthi nomer lambung BC-15001 njeblug ing pesisir Labu, Deli Serdang, Jemuah (15/7) bengi. Pitu saka sangang petugas sing lagi ngayahi jejibahan patroli sakala padha tiwas.

Narasi:
Sawantara jam candhake, nalika salah sijine anak buwah kapal nedya nguripake genset kanggo mbacutake   patroli,   ujug-ujug  kapal  kasebut  njeblug  banjur  kerem  menyang  dhasaring  segara. Direktur Jendral Bea Cukai, Agung Kuswandono masthekake, njebluge kapal patroli mau murni merga kacilakan nalika gensete arep diuripake.  Agung nambahake, para petugas sing dadi korban kuwi pinuju nindakake patroli rutin kanggo ngawekani penyelundupan barang liwat jalur segara.
(kajupuk saka Panjebar Semangat Edisi 31 tanggal 30 Juli 2011, kanthi owah-owahan saperlune)
2.   Setelah itu, jawablah pertanyaan berikut!
  1.  Berdasarkan Berita Berbahasa Jawa yang diberikan, jawablah pertanyaan- pertanyaan berikut untuk mengetahui pemahaman kalian tentang Berita Berbahasa Jawa!

1. Apa kang diwartakaké (temane / topike )?
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
2.   Sapa kang diwartakaké (pawongan/organisasi)?
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
3.   Kapan bab kang diwartakaké iku dumadi?
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
4.   Ing ngendi kang bab diwartakaké kasebut dumadi?
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
5.   Apa kang njalari bab mau diwartakake?
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

a.    Berdasarkan Berita Berbahasa Jawa,  jelaskan ajaran moral yang terdapat di dalam berita tersebut!
b.    Berdasarkan Berita Berbahasa Jawa, deskripsikan Wicara, Wirama, Wirasa dan Wiraga dalam Membaca berita tersebut  !

Tidak ada komentar:

Posting Komentar